Tumekane Wulan Mulya
Srengenge tumuju patunggon
Gumanti tekane rembulan tanggal sepisan
Atiku bungah datan kinira
Kelakon mrangguli maneh
Tumekane wulan mulya
Wulan suci kang dianti-anti
Wulan kebak ing pangapura
Wektu kang trep meper hawa nepsu
Mbengkas sukertaning raga
Nggayuh sampurnaning jiwa
.jpg)
No comments:
Post a Comment